Senin, 16 Februari 2015

PIDATO BASA JAWA

Perpisahan Siswa Kelas 9

Assalamualaikum. Wr. Wb   
Bapak Kepala SMP Negeri 1 Cluring ingkang dhahat kinurmatan                                                                                     Bapak Ibu guru ingkang kula tresnani                                                                            Dumanteng Ibu Ramini kalian Bapak Misnan, selaku guru Basa Jawa.              Ingkang satuhu kinabekten sedoyo konco kelas 9 ingkang tansah kula tresnani.
Hadirin ingkang kula tresnani,
          Sumonggo kita sedoyo ngaturaken puji syukur dumateng ALLAH SWT. Ingkang sampun maringi rahmat serta hidayahipun, saengga kita saget kempal lan mboten wonten alangan menapa-menapa.
Hadirin ingkang kula tresnani,
Wonten ing adicara menika,pepisahan kelas 9, Kulo wakil saking rencang dhateng kelas songo sedoyo ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-ageng ngipun kagem bapak lan ibu guru sedoyo ingkang sampun maringaken ilmu ingkang barokah.
mboten keraos kulo lan rencang-rencang sampun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki ingkang dangunipun tiyang warsa.
          Wonten ing adicara meniko kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten saking bapak lan ibu guru, amargi wonten ing tiyang warsa kulo sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang disengojo utawa mboten sengojo.Mugi-mugi bapak lan ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kalepatan kulo lan rencang-rencang.                             
kadosipun sampun cekap agengnipun kulo matur. Mbok bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengnipun pangapunten.

Wassalamualaikum. Wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar